contoh pidato b.jawa yg persuasif
B. Daerah
fitri1488
Pertanyaan
contoh pidato b.jawa yg persuasif
1 Jawaban
-
1. Jawaban Shellsya
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kula Nuwun, Ibu Guru ingkang pantes sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung. Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayahipun. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing Seminar Bahayanipun Rokok Kangge Kesehatan niki.
Ing sajroning rokok punika, wonten kandungan-kandungan zat kimia ingkang saged mbahayanipun tiyang ingkang ngerokok lan tiyang wonten sakitare kebul rokok. Dene produsen-produsen rokok ing Indonesia punika inggih ingkang paling ageng dening negara liya. Amargi sumber daya alam utamanipun tembakau inggih punika bahan baku kagem rokok katah wonten lemah Indonesia.
Ngerokok punika sadyane mboten ngelanggar aturan, nanging ngelanggar hak asasine tiyang-tiyang manungsa kanggo ngirup udara kang resik. Opo maneh kandungan ing kebul rokok punika wonten unsur nikel kang samisalipun ngedep ing ginjal lan marai kanker. Inggih mboten kanker paru mawon, nanging saged nguripake katah sel-sel kanker wonten sajroning raga amarga wonten kandungan radikal bebas ingkang saged nguripake sel kanker dening sajroning raga.
Para rawuh ingkang satuhu lebda ing kawruh.
Produsen rokok punika inggih boten 100% salah. Nanging inggih ingkang ngrokok dugi salah rumiyin amarga mboten maos tulisen wonten bungkusipun rokok nek rokok niku mbahayani. Perokok wonten Indonesia niku katah sanget amarga rego rokok ing pasaran niku murah dumadine bocah-bocah sekolah kaya kula niki nggih nggampang tumbase, nggih perihal kayata niku saged ngrusakake moral cah enom. Apata kaya niku inggih pantes?
Para rawuh ingkang minulya, kita sedaya pangerteni pajak dening rokok niku nyumbangake katah kangge devisa negara. Nanging mboten pas kayane, kanggo panarapane amargi katah tiyang kang dirugiake.
Para rawuh sedaya ingkang tansah kinurmatan sampun punika cekap saking kula mbok bilih menawi wonten kirang tata krama lan kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirulkalam, wabilahit taufiq wal hidayah,
Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarakatuh
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb